Bonie
sing kemaki
Bonie, kuwi jenenge kucing
ras persia sing wulune dawa dhiwut-dhiwut lan irunge pesek kae. Lagi sepuluh
dina mapan ing perumahan Pulo Indah kono. Sing nduweni juragan toko sepatu.
Bonie dituku saka toko kewan kanthi rega lumayan. Patangatus seket ewunan.
Ulese sing klawu lucu marai bendarane kepranan. Mula senajan pakane larang
Bonie tetep dituku, digawa bali jare kanggo kanca dolanan lan sawang-sawangan.
Emane, amarga pakane khusus
Bonie dadi rada kementhus. Diwei sega mesthi wae ora ngambus. Apameneh dikon
golek tikus. Sawijining dina Bonie entuk kanca. Kucing ndesa sing rupane ora
sepirowa. Ulese kembang asem. Polatane sigrak
tur seneng mesem. Ning Bonie rumangs kurang marem.
“Kowe nyapo rene? Aku wegah
duwe kanca kowe. Kucing ndesa. Rupane ala. Aja edhak-cedhak ah...Ambune ledhis
pisan.” Ujare Bonie karo gage-gage nyingkrihi. Senajanta diunen-uneni mengkono
kucing ndesa sing dijenenge Ciprut karo bendarane kuwi ora gela. Mung mesem
njur leyehan ing kono sinambi ndilati awake. Dene Bonie wis mlebu omah.
Ditulak kekancan dening Bonie
ora marakake Ciprut lara ati. Isih panggah ndolani Bonie.
“Kowe ngapa ta sakjane kok
dolan mrene terus? Aku wegah duwe kanca kowe!” bonie nyentak Ciprut nalika kucing
kuwi dolan meneh.
“Aku mung pengin kekancan
karo kowe.”
“Wegah!”
“Eh, tak kandhani. Neng desa
kene ora ana kucing sing kaya kowe. Kabeh kucing neng kene kaya aku. Kucing
kampung.”
“Aku ora butuh kanca.”
“Tenanee?”
Klepat Bonie mlebu ngomah
meneh.
Rasa gethinge Bonie saya
ndadi nalika sawijining dina meruhi Ciprut lagi ngemah-ngemah cecak sing mentas
wae ditubruk.
“Nggilaaaniii! Ngalih kana
sing adoh! Aku pengin mutah iki!” ujare Bonie bengok-bengok.
Sing dibengoki ora peduli.
Kaya adate banjur nglekar ing cedhak ngemper omah bendarane Bonie karo reresik
awak.
Sawijining esuk nalika tangi
turu Bonie kaget merga omahe bendarane kancingan brukut. Dheweke ora bisa mlebu
ngomah. Ora anapakan apamaneh omben. Dheweke wis bengok-bengok ngubengi omah
nanging nyatane ndarane ora ana. Saking kesele bengok-bengok tur nganti serak
Bonie pungasane ambruk nglumpruk neng ngarep omah. Ya nalikaiku Ciprut dadak
kok teka.
“Ngapa Bon kok mumbruk ngono?
Luwe pa?”
Bonie ora wngsulan. Ambegane
mengkis-mengkis sajak arep entek.
“Bon, kowe nyapo?” takone
Ciprut karo ngoyog-oyog awake Bonie sing etok nek lemes. Mripate Bonie mung
kethip-ketip memelas.
“Nda...ra...ku...o...ra...e...nek...”
jawabe alon meh ora keprungu.
“Weh kowe arep semaput? Lara
iki? Kowe luwe? Ngelak?” pitakone Ciprut nrithik.
Tanpa ngenteni wangsulane
Bonie Ciprut age-age mlayu. Mbalik-mbalik nggawa pindhang goreng sing dijupuk
saka ngomahe. Bonie klametan. Ciprut ngerti kuwi mesthi ngelak. Genti ngubengi
omahe ndarane Bonie. Weruh ana gelas plastik isi banyu nggoling neng mester
nanging isih ana isine njur dicokot diwenehke Bonie. Weruh ana banyu cekekal
Bonie njur tangi. Agahan ndilati wadhah plastik isi banyu kuwi.
“Iki iki gek dipangan” ujare
Ciprut karo ngesrogne pindhang gawane mau.
Bonie lingak-linguk. Witekna
durung tau mangan sing kaya ngono.
“Ngene carane” kandhane
Ciprut njur ngajari Bonie mangan iwak pindhang.
Maune Bonie ora doyan. Ning
tinimbang luwe. Tur kok ya gurih. Mula ya pungkasane entek.
“Jebul enak ya?” kandhane
Bonie karo nutugake mangane.
Wetenge Bonie saiki wis
wareg, ngelake uga wis ilang. Lon-lonan nyawang Ciprut. Ujare, “Prut,
matursuwun ya? Nek ora ana kowe aku mesthi wis mati merga ngelak utawa
plekiken. Senajan kowe kucing ndesa ning atimu apikan,” ujare Bonie semu
isin-isin.
“Wis rasah dibahas. Sing
penting awake dhewe saiki kekancan ta?”
Bonie manthuk njur salaman
pertandha gelem dadi kancane Ciprut.
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar