Salah Tampa
Sawetara dina iki –kira-kira telung dinanan, ana sing
aneh karo Tari. Bocahe dadi luwih meneng. Adate Tari kuwi crigis, akeh polahe
lan seneng guyon karo kanca-kancane. Nanging keri-keri iki ora pati srawung
karo balane. Aja kok guyon, ngajak omongan wae ora. Malah iki nganggo tutup
irung barang. Yen ora kleru arane masker.
“Tari ki kok ndingareni nyapa, ta?” Anis penasaran.
“Lara untu yak’e?” Rahmat nyauri.
“Nek mung lara untu wae ya rasah nganti ngono kuwi?”
wangsulane Anis.
“Halah! Kuwi ki sombong. Dupeh saiki cekelane HP anyar!”
Erna nyaut semengit.
“Ah, kowe ki! Senengane kok su’udzon. Kowe apa tau weruh
Tari nggawa HP anyare kuwi neng sekolahan?” Anis protes.
“Ya ra digawa lah!”
“Lha mulakna. Wong ora cekel HP neng sekolah kok isa
ngarani sombong Hpne anyar. Kuwi jenenge menyebar fitnah!” Anis ngomel
setengahe nuturi Erna.
Sikepe Tari sing ana owah-owahan kasebut wusana dadi
rembug rame ing sekolahane. Ana sebageyan kanca ngarani yen saiki Tari sombong,
emoh srawung karo kanca biyasa merga Taro mono anake wong sugih, liyane ngarani
yen Tari samar ketularan larane kancane, ana meneh sing muni merga Tari lagi
lara.
Ning lara apa?
Mosok iya lara? Yen lara kok kancane ora ana sing ngerti dheweke lagi lara? Yen
lara kok isih mlebu sekolah? Akeh pitakonan kang durung nemu wangsulan. Yen
lara mesthine bener, amarga sok-sok keprungu swara watuke Tari sing abot nalika
pelajaran ing kelas.
Tari dhewe nalika dijak ngobrol kancane jawabe mung gedheg manthuk ora ana
liyane. Pokoke ora muni suwarane. Bab iki marakake Erna tansaya tersinggung
karo sikepe Tari. Nalika wayah ngaso kanthi gregeten dheweke ngelokna Tari.
“Tar! Nek kowe ora seneng kekancan meneh ngomonga, ben
ora usah padha repot-repot ngawori kowe! Tambah suwe rumangsaku kok tambah
kemayu! Sok! Nek wis wegah kekancan ya rasah sekolah wae! Kana menyang alas
awor munyuk apa celeng kana!” suwarane Erna cemether banter, nganti karo salah
sijine kancane njur digeret ngadoh saka
sandhinge Tari, merga kuwatir Erna bakal milara Tari kanthi tinjune. Ewadene
Tari ora nanggapi. Mung meneng, ngendhani sing lagi nesu.
Rame-rame bab iki kepireng Bu Darmi guru kelas lima.
Mesthi wae ana sing madulake. Pancen bener.
Bagas ketua kelase sing lapur marang Bu Darmi.
“Ana apa iki kok rame eram? Bu Darmi mireng jare aa
sing ngamuk? Sapa? Erna. Mreneya!”
Erna sing ditimbali klithih-klithih nyedhaki Bu Darmi.
“Jare Bagas kowe nesu-nesu neng Tari. Geneya?”
Erna ora wangsulan mung ndhingkluk dolanan driji.
“Heh, didangu kok.. Ayo matur. Enek apa?” Bu Darmi
mbaleni dhawuhe.
“Anu, Bu. Niku lhe, Tari. Saniki niku rak mboten purun
awor rencange. Irunge ditutupi mawon. Mboten purun omongan, napa melih dolanan.
Sombong saniki, mergi gadhah HP enggal,” dawa ature Erna marang Bu Darmi.
“Huuuuu...” keprungu kancane nyenggaki omongane Erna.
“Apa ya ngono cah?” Bu Darmi ndangu bocah liyane ing
kono. Sing didangu padha gedheg.
“Tari.” Bu Darmi genti nimbali Tari.
“Mreneya, Ndhuk.”
Tari mara banjur lungguh ing kursi ngarepe Bu Darmi.
“Ora ta, kene matura ibu. Sakjane kowe ki kena ngapa kok aneh
kaya ngene. Menengan, ora gelem dolanan, guyon kaya biyen, lan nganggo masker.
Kae lho kancamu padha bingung, geneya kowe kok kaya ngene,” ngendikane Bu Darmi
alon amrih Tari ora tersinggung.
Ewamono Tari tetep ora wangsulan. Dheweke malah banjur ngalih, marani bangkune, mbukak tas
njupuk kertas lan pulpen. Sateruse ureg-ureg nulis. “Kula nembe sakit radang tenggorokan, Bu. Kalih dokter didhawuhi
ngirangi kegiatan. Suwanten kula mboten patos medal. Menawi diengge ngomong
radi banter sakit. Kula ngangge masker kersane mboten nularaken sakit kula
dhateng kanca-kanca...” ujare tari
ing tulisane. Kertas diaturake Bu Darmi, njur diwaos. Bu Darmi manthuk-manthuk.
“Ooo, iki lho, cah, kene Gas, tulisane Tari iki wacanen
sing banter ben kabeh padha krungu,” dhawuhe Bu Darmi marang Bagas. Sateruse
Bagas maca tulisan mau kanthi banter.
“Wis saiki cetha ta? Er, ayo njaluk sepura marang Tari.
Kowe wis salah tampa. Yen ana apa-apa ki digenahke dhisik. Ora angger wae. Tari
lara mbokarani sombong duwe HP anyar,” tuture Bu Darmi marang Erna.
Erna mung manut lan
marani Tari.
“Sepurane ya Tar, aku wis nutuh kowe. Awake dhewe rak
isih kekancan ta?”
Tari manthuk lan luwih dhisik ngrangkul Erna.
Kanca-kancane padha keplok-keplok.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar