Man
Gemplo lan Pitik Jago
Dening: Surtikanthi
Ing Desa Turiwangi Man Gemplo kondang
minangka tukang adu jago. Ora duwe pakaryan liya kejaba siji kuwi. Sabendina
mung ngelus-elus pitik jago, mangan, turu lan dolan sarta gawe kalangan kanggo
ngabotohan lan adu jago. Wis bola-bali dielikake wong tuwane, tangga, utawa
kancane. Nanging kabeh ora ana sing digatekake. Yen dikandhani menawa adu jago
mono dosa Man Gemplo leh nyaruwe luwih dene banter.
“Apa nek aku wis leren leh
adu jago njur mbesuk bisa mlebu suwarga?”
Diwangsuli mengkono sing
nuturi njur pilih meneng. Terus nglungani.
Jagone Man Gemplo saktenane ya
pancen menangan lan dheweke ajeg entuk dhuwit akeh saka ngabotohan. Nanging ora
tau mlumpuk. Entek kanggo ropyan-ropyan. Tur maneh dhuwit ngabotohan pancen ora
ana berkahe.
“Dhuwit-dhuwitku dhewe lha
nyangapa nek tak entek-entekna? Kowe meri dhuwitku luwih akeh?”
Tur maneh jago endi sing
diedu karo jagone Man Gemplo keh-kehe mesthi mati. Pama uripa mesthi cacate. Bab
iki tansaya nambahi sesongarane Man Gemplo. Wis atusan pitik jago sing mati
saka pokale Man Gemplo.
Sawijinig sore Man Gemplo
lagi bali saka adu jago. Kaya padatan menang. Ing dalan tumuju ngomahe dheweke
kepethuk wong lanang tuwek elek. Klambine padha suwek rowak-rawek. Sajake wong
pepriman.
“Nyuwun paring-paring,
Deen...” ujare marang Man Gemplo sing lagi liwat.
“Porang-paring,
porang-paring! Anggitmu golek dhuwit ki gampang pa!” jawabe santak.
“Sekedhik mawon, Den...”
“Ya masiya sithik. Padha wae.
Sing rekasa aku. Dene kowe mung kari njolak-njaluk! Golek dhewe kana!” ujare
maneh kanthi suwara luwih bantas, banjur klepat nglungani. Dene wong pepriman
iku dhewe uga ora dimangerteni lungane. Weruh-weruh wis ora ana.
Anehe sawise kedadeyan kuwi
Man Gemplo bola-bali ngadhepi kedadeyan ala. Wiwit saka kelangan dhuwit asile ngabotohan
merga dicolong uwong, kalah adu jago, banjur genti sawetara jago don-donane akeh sing kena
lelara lan mati.
Kalap merga ngalami akeh
musibah. Jagone sing wis kalah tarung
malah diajar. Disadhuki nganti klenger lan diuncalke neng pinggir ndalan.
Tumindake Man ora patut diconto. Merga
ateges ora duwe rasa kamanungsan. Degsiya marang kewan uga ala. Kamangka kewan
kuwi ora mudheng apa-apa.
Merga kegawa mangkel kang ora
ana kendhate Man Gemplo pungkasane keturon karepe dhewe. Gemlethak ing ngemper
omahe wiwit awan nganti tengah wengi. Ora ana sing wani nggugah. Amarga wedi
kena sampluk malah ndrawasi.
Ing sajrone turune mau Man
ngimpi keblasuk ing laladan kang babarpisan ora ana menungsane. Anane mung
pitik-pitik. Anehe para pitik mau padha bisa caturan kaya menungsa. Padha
jagongan ing ngemper omahe dhewe-dhewe karo anak lan bojone. Tur sing marai
wedi pitik-pitik sadesa mau gedhene samenungsa. Weruh Man Gemplo
ketebang-tebang, pitik-pitik kang mau padha anteng jagongan sakala siyaga.
“Lha! Lha! Lha! Ya iki sing
jenenge Man Gemplo. Sing senengane ngedu sedulur lan kancane dhewe nganti akeh
sing cacat lan mati. Heh! Man Gemplo! Kowe kudu tanggung jawab karo tiwase
kanca-kancaku!” ujare salah sijine pitik jago sing awake katon gedhe, gothot.
Cucuke lincip, swiwine rosa lan pengkuh, dene, jalune katon kumilat-kilat
ketara yen landhep. Kena sampluk jalu kuwi apa ora sida godres-godres?
Krungu pambengoke si pitik jago gedhe kuwi mau pitik-pitik liyane
padha gemrudug mara. Malah banjur ngepung Man Gemplo. Pangepunge tepung gelang
malah kepara kaya ing jero kalangan. Ya pancen kalangan adon-adon. Mung dudu
pitik jago sing diedu. Nanging Man Gemplo sing arep adu karosan mungsuh pitik
jago mau. Man Gemplo krasa wedi. Atine dadi cilik. Dhengkule kothekan, kringet
anyep nelesi awak sakojur. Apa ya aku bisa menang? Pambatine.
Jebreet!!
Kabrukan kang ora dinyana nyampluk raine. Man Gemplo golung koming. Pangabruke
jago krasa lara ing awak. Jebreet! Dikabruk
meneh sing iki sirahe kaya kena cakar sing lancip saengga natoni.
“Adhuoooooh!!” Man Gemplo mbengok banter. Krungu Man mbengok pitik-pitik malah
padha surak-surak rame.
“Ayoo! Ayoo! Teruuus... Mati
ya been!” pambengoke salah sijining pitik jago.
Lagi wae Man Gemplo
krekel-krekel arep tangi dumadakan, jebreet!
Sing iki luwih rosa. Man Gemplo nganti
mencelat adoh. Klambine padha suwek. Raine gubras getih.
“Serbuuuu!” pambengoke para
pitik mburu papane Man Gemplo tiba
malah njur dikroyok, dikabruki pitik
sapirang-pirang nganti limpeg-limpeg ora bisa meneh.
“Hhh kowe! Matek apa ora
kowe!” ujare si jago banjur klepat ninggal Man kang gemlethak tanpa daya.
Man kempis-kempis ngampet
lara. Nuli cekekal! Tangi. Owalaah...jebul mung ngimpi. Man Gemplo senenge ora
karuwan. Nanging sing dadi gumune, yagene awake kebak tatu lan awake krasa lara
kabeh? Malah ana tilas cakaran ing rai barang? Man Gemplo bingung.
“Kuwi opahe kanggo wong sing
seneng adu jago!” dumadakan keprungu ana wong omongan. El, lhadalah swarane wong
pepriman sing diunek-unekna dhek awan. Man napuki pipine, ning ora ngimpi. Iki
kanyatan?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar