Jumat, 06 Oktober 2017

Gara-gara Uceng


Gara-gara Uceng
  ­
Wis biyasane yen Imam, Trisno, lan Kasmiwan menawa sawise bali sekolah  njur turut kali lan kalen golek iwak.    Adate  kanthi cara mancing, gogoh, utawa sok newu barang. Ora   ngobati utawa nyetrum, saliyane wedi diuman-uman pak RT uga wedi resikone. Yen nganti mendem obat  utawa kesetrum, apa ora dadi mala jajale?
 Awan  iki mulih sekolah sawise  bar padha maem awan lan sholat bocah   telu mau langsung   menyang papan kaya semayanane dhek mau. Kalen mburi omahe Cak Ripin. Jare neng kono Uceng lan Wadere Pari akeh sing gedhe.
“Ucenge gedhe, dudu uceng grendhet,” kandhane Kasmiwan ngyakinake. Sing dikandhani manthuk-manthuk karo terus ngunclug   menyang kalen   tujuwane.
Tekan ngenggon iline banyu kalen ndelalah rada gedhe. Bocah-bocah dadi bingung. “Piye, ya, jane iwake ya gedhe tenan. Lha kae, kae... deloken kae, kae uceng gedhe kae!” ujare Imam karo nudingi iwak uceng gedhi-gedhi sing pating sliri. Bocah telu wiwit mbebeki.
“Wah, piye iki? Dipancing kesuwen, digogohi banyune kegedhen, nek ditewu apa ora ngesel-ngeseli?” Trisno mreceg wae sajak ora sranta.
“Nnnng...” Kasmiwan mikir serius. Sirahe ndhangak, dudinge tengen dilebokake irung sethithik, dene tangane kiwa setengah malangkerik. “Mmh...ngene.” nemu akal. “piye yen lawange dham ditutup sedhela, terus digogohi?” tutuge.
“Haa... Aku ya meh kandha ngono,” Imam lan Trisno cluluk meh bareng.
“Heleh! Gayamu. Meh-meh...”
“Issh... Kesuwen! Ayo gek ndang rikat. Kakeyan mikir,” Imam nyablek pundhake Kasmiwan.
Rerikatan bocah telu ngudhunake lawang dham cacah loro   sing mara mengetan.  Abot. Ya mesthi. Wong tarah blebekan   wesi. Jleg! Klonthang! Lawang dham nutup. Mesthi wae   kalene ya  njur asat.  Kalodhangan mau enggal-enggal digunakake kanthi temenan. Sedhela wae bocah-bocah mau wis padha umeg ngincupi iwak sing pating kecopag kasatan banyu.
“Eh! Eh! Enek Ndhuluke...  Enek iwake Ndhuluk! Wan, Wan... ewangi nyekel, Wan!” Imam bengok-bengok seneng. Ceg! Ora suwe si Ndhuluk kecekel langsung diwadhahi ember sing wis dicawisake sadurunge.
“Wooeee...iki malah Lelee...” genti Trisno sing mbengok. Kancane genti rerikatan ngrewangi Trisno nyekel Lele.
Saking akehe iwak sing bisa dijupuk, ora krasa anggone golek iwak wis sauntara suwe. Awak sing kebloh lan kesel wis ora direken. Anane mung seneng merga ngalamat bisa mangan enak lawuhan iwak sing  mentas dijupuk saka kalen. Bocah telu leren sedhela neng galengan sawah cedhak kono. Angkahe sedhela maneh bali. Nanging lagi wae siyap-siyap dumadakan keprungu swara bantas gemontang saka arah dham.
“Woo, lha layak ko sawahku amber  banyu, jebul dhame ditutup ngene! Kurang ajar! Wayah panen jare kok malah keleban ki pokale sapa jane!? Ora genah!” ujare swara mau diseling swara jeglek nuli klonthang. Swarane lawang dham dibukak.
“Pokale sapa iki ya? Nganti konangan daktaboki tenan mengko,” panggrundhele wong  lanang sing ora liya Mbah Tro Bacok.
Ngerti sing nesu Mbah Tro Bacok, Imam age-age nggeret kancane dijak ndhelik ing grumbulan.
“Sssst, cepet! Cepet! Selak konangan ajur iki mengko,” ujare karo nyoloti watese kalen mengkono wae tanpa ancang-ancang. Nuli ndhekem ing suwalike wis Andong lan Keji Beling sing ngrembuyung. Aman. Ora ana sing konangan. Lha pama konangan rak sida diuman-uman nganti elek kae. Durung nek njenggit utawa njewer byuuuh!
Sawise Mbah Tro Bacok ngliwati papan pandhelikane bocah telu langsung mlayu mulih. Dadak tekan ngomah keprungu rame-rame, jarene Mbah Tro Bacok semaput neng kalen, dadi gotongan nyang puskesmas. Lara ndadak merga kaget, sawahe sing sesuk arep dipanen dadak keleban banyu, haratah!


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Gara-gara Uceng

Gara-gara Uceng   ­ Wis biyasane yen Imam, Trisno, lan Kasmiwan menawa sawise bali sekolah   njur turut kali lan kalen golek iwak. ...