Gara-gara
Uceng
Wis biyasane yen Imam,
Trisno, lan Kasmiwan menawa sawise bali sekolah njur turut kali lan kalen golek iwak. Adate kanthi cara mancing, gogoh, utawa sok newu
barang. Ora ngobati utawa nyetrum, saliyane wedi
diuman-uman pak RT uga wedi resikone. Yen nganti mendem obat utawa kesetrum, apa ora dadi mala jajale?
Awan iki mulih sekolah sawise bar padha maem awan lan sholat bocah telu
mau langsung menyang papan kaya semayanane dhek mau. Kalen
mburi omahe Cak Ripin. Jare neng kono Uceng lan Wadere Pari akeh sing gedhe.
“Ucenge gedhe, dudu uceng
grendhet,” kandhane Kasmiwan ngyakinake. Sing dikandhani manthuk-manthuk karo
terus ngunclug menyang kalen tujuwane.
Tekan ngenggon iline banyu
kalen ndelalah rada gedhe. Bocah-bocah dadi bingung. “Piye, ya, jane iwake ya
gedhe tenan. Lha kae, kae... deloken kae, kae uceng gedhe kae!” ujare Imam karo
nudingi iwak uceng gedhi-gedhi sing pating sliri. Bocah telu wiwit mbebeki.
“Wah, piye iki? Dipancing
kesuwen, digogohi banyune kegedhen, nek ditewu apa ora ngesel-ngeseli?” Trisno
mreceg wae sajak ora sranta.
“Nnnng...” Kasmiwan mikir
serius. Sirahe ndhangak, dudinge tengen dilebokake irung sethithik, dene
tangane kiwa setengah malangkerik. “Mmh...ngene.” nemu akal. “piye yen lawange
dham ditutup sedhela, terus digogohi?” tutuge.
“Haa... Aku ya meh kandha
ngono,” Imam lan Trisno cluluk meh bareng.
“Heleh! Gayamu. Meh-meh...”
“Issh... Kesuwen! Ayo gek
ndang rikat. Kakeyan mikir,” Imam nyablek pundhake Kasmiwan.
Rerikatan bocah telu
ngudhunake lawang dham cacah loro sing mara
mengetan. Abot. Ya mesthi. Wong tarah
blebekan wesi. Jleg!
Klonthang! Lawang dham nutup. Mesthi wae
kalene ya njur asat. Kalodhangan mau enggal-enggal digunakake
kanthi temenan. Sedhela wae bocah-bocah mau wis padha umeg ngincupi iwak sing
pating kecopag kasatan banyu.
“Eh! Eh! Enek
Ndhuluke... Enek iwake Ndhuluk! Wan,
Wan... ewangi nyekel, Wan!” Imam bengok-bengok seneng. Ceg! Ora suwe si Ndhuluk kecekel langsung diwadhahi ember sing wis
dicawisake sadurunge.
“Wooeee...iki malah Lelee...”
genti Trisno sing mbengok. Kancane genti rerikatan ngrewangi Trisno nyekel
Lele.
Saking akehe iwak sing bisa
dijupuk, ora krasa anggone golek iwak wis sauntara suwe. Awak sing kebloh lan
kesel wis ora direken. Anane mung seneng merga ngalamat bisa mangan enak lawuhan
iwak sing mentas dijupuk saka kalen.
Bocah telu leren sedhela neng galengan sawah cedhak kono. Angkahe sedhela maneh
bali. Nanging lagi wae siyap-siyap dumadakan keprungu swara bantas gemontang
saka arah dham.
“Woo, lha layak ko sawahku
amber banyu, jebul dhame ditutup ngene!
Kurang ajar! Wayah panen jare kok malah keleban ki pokale sapa jane!? Ora
genah!” ujare swara mau diseling swara jeglek nuli klonthang. Swarane lawang
dham dibukak.
“Pokale sapa iki ya? Nganti
konangan daktaboki tenan mengko,” panggrundhele wong lanang sing ora liya Mbah Tro Bacok.
Ngerti sing nesu Mbah Tro
Bacok, Imam age-age nggeret kancane dijak ndhelik ing grumbulan.
“Sssst, cepet! Cepet! Selak konangan
ajur iki mengko,” ujare karo nyoloti watese kalen mengkono wae tanpa
ancang-ancang. Nuli ndhekem ing suwalike wis Andong lan Keji Beling sing
ngrembuyung. Aman. Ora ana sing konangan. Lha pama konangan rak sida
diuman-uman nganti elek kae. Durung nek njenggit utawa njewer byuuuh!
Sawise Mbah Tro Bacok
ngliwati papan pandhelikane bocah telu langsung mlayu mulih. Dadak tekan ngomah
keprungu rame-rame, jarene Mbah Tro Bacok semaput neng kalen, dadi gotongan
nyang puskesmas. Lara ndadak merga kaget, sawahe sing sesuk arep dipanen dadak
keleban banyu, haratah!