Sing Jujur Gedhe Ganjarane
Dening: Surtikanthi
Dina
iki panase sumelet. Sukadrana leren ing ngisor wit trembesi. Mlaku adoh arep
adol kayu menyang kutha nanging durung tekan wis kekeselen. Banyu putih sangune
wis entek awit mau. Yen dina iki ora tekan kutha genah kudu nginep. Gek nginep neng ngendi? Biyen ya
tau ngono. Ning ora bingung, merga ana Yono kancane, dadi ora wedi turu
saenggon-enggon. Ning saiki Yono wis mati merga lara, Sukadrana ijenan.
Ora krasa Sukadrana keturon kena silire angin.
Tangi-tangi kaget. Jalaran kayune rong bongkok gedhe ilang mesisan kampluk isi
sangu dhuwit lan sega.
“Toblaas!
Toblass! Dimaling?” guneme anyel. Ning piye. Ing kono ora ana kang bisa nulungi. Arep digoleki ya neng
ngendi? Wong adoh lor kidul. Bingung kudu piye? Arep bali wis separo laku luwih, dene
nek mbacut gek tekan kutha arep ngapa, wong kayune ilang.
“Hm, timbang mulih nganggur tak bablas nyang kutha wae.
Golek gawean. Aku isa masuh, isah-isah, olah-olah,”
ujare atine.
Sukadrana neruske laku. Tekan kutha wis meh
surup. Sing dijujug pasar sore, marani
omahe bakul sega pinggir ndalan.
“Kulanuwun,”
ujare uluk salam.
“Manggaa...
Ngriki, Kang, lajeng mlebet mawon. Ajeng ngersakne nedhi, napa ngopi?” bakule sega mbagekake.
Isin-isin Sukadrana mlebu warung, lungguh,
golek wektu kang pas kanggo takon apa ana gawean sing bisa ditandangi.
“Anu,
nedhi kopi mawon, Yu. Paitan nggih.”
“O,
enggih, Kang.”
Sedhela
kopi wis dadi. Karo ngenteni wong tuku liyane teka, Yu Lastri si bakul ngejak
jagongan.
“Saking
pundi niki, Kang?”
Sukadrana
njur crita olehe arep adol kayu nganti kayune dicolong uwong, mesisan nggenahke
sejane mrono.
“Oo,
ngoten ta?” ujare Yu Lastri karo njur namatke Sukadrana. Krana kahanane Sukadrana sing pancen katon kesusahan, tur dhasar ketara
lugu lan jujur mula Yu Lastri katone mathuk.
“Jane
nggih betah, Kang. Ning bayare namung sekedhik niku, purun mboten. Ngotena
nedhi tilem niku pun ngriki. Pripun.”
“Nggih
kula purun. Sing penting saget nyelengi kangge mantuk.”
Beja
si Sukadrana kok entuk gaweyan. Lan langsung miwiti gaweyan kayata: isah-isah,
reresik warung, kala-kala uga mangsak sarta ngladeni wong tuku. Bayare dianggep
cukup. Karang dheweke ora perlu tuku
apa-apa. Dhuwit mung dicelengi arep
diwenehake bojone.
Sawijining
dina Sukadrana arep njupuk kayu kanggo cethik geni lan miwiti masak dadak kok
nemu gomblok ing antarane tumpukan kayu. Gomblok iku kaya wis
tau weruh banget. Dijupuk,
diilang-ilingi, lho! Iki rak duwekku? Aku
ora lali. Gomblok ijo elek akeh sing bolong iki dhek emben tak enggo mbuntel
dhuwit lan sega sangu adol kayu nyang kutha? Atine Sukadrana trataban. Gek sing njupuk
sapa? Mesthine wong kene. Lagi semlengeren dadak ana wong lanang nylekuthis
mara. Jare jenenge Somad. Tekane ngeteri kayu pesenane Yu Lstri. Ing batin
mikir sing nyolong kayune dhek emben gek wong iki. Bab iku dicritakake marang Yu Lastri.
“Lho,
nek Somad tarah damele madoske kajeng kula. Ning kula mboten ngerti nek mendhet
kajeng sampeyan.” Sateruse Somad ditakoni asal-usule kayu sing diterake dhek emben.
Glagepan leh mangsuli. Ngetarani yen wis tumindak ala.
“Nek
kayumu colongan aku suthik! Sing jujur
wae. Aku emoh kokjak tumindak culika. Saiki terangna!” ujare Yu Lastri galak.
Somad
kepeksa blaka yen wis kanthi sengaja nyolong kayune Sukadrana.
“Sepurane
Kang. Kula pancen luput. Artane nggih kula engge nambakne anak kula napa. Ampun
dilapurke nggih Kang. Pun ta kula lintoni, saestu,” ujare Somad memelas.
Ndeleng
kahanan iku, Sukadrana ora nesu. Dheweke bisa ngrasakake susahe Somad. Nuli
ujare, “Pun, Lik, mboten sisah dilintoni. Kula mpun angsal lintu saking Yu
Lastri ten ngriki. Nek mboten mergi sampeyan pendhet kajeng kula, kula mboten
angsal damelan kados ngeten,” Sukadrana ngedhem atine Somad kanthi nyepura
tumindake.
Ndeleng
sikepe Sukadrana iku Yu Lastri saya
gedhe percayane marang Sukadrana. Malah banjur bayare ditambahi lan sateruse
kerja ing kono.
***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar