Iki Dhuwetku!
Biyen ing satengahe alas ana munyuk aran
Mukre sing senengane ndhaku-ndhaku kabeh wit-witan sing uwohe ketel ing alas
kono. Kamangka sakjane Mukre ora kekurangan pangan nanging tansah nganggep
woh-wohan sing diimbu lan diduweni ora nate cukup.
“Aja dipeki, woh jambu iki duwekku, biyen
karo wong tuwaku wis diwenehne aku,” ngono pambengoke nalika weruh ana Lawa
mencok wit jambu banyu sing lagi ditemu dhek wingi esuk.
“Aja dipenek! wit kambil iki warisane
simbahku!” getake nalika weruh ana bajing menek wit kambil cedhak omahe.
“Iki wit pelemku! Sing nandur ibuku kok
mbok penek ki piye?” omele meneh.
Nanging dhasar srakah kabeh wit sing
didhaku durung gawe mareme Mukre, “Aku kudu golek tambahan. Woh-wohan iki ora
cukup kanggo manganku rong dina meneh,” ujare Mukre banjur lunga. Tujuwane
ngincer lan nduweni wit-wit liyane sing uwohe akeh lan durung dikuwasani ning
sabrange kali kana.
Kanggo nyabrang Mukre banjur gawe prau saka
kayu sing empuk supaya gampang diwangun lan entheng leh melahi. Bareng praune
wis dadi lan lagi ewuh ngunggah-ngunggahne woh-wohan simpenane nyang prau
dumadakan si Manuk kancane teka.
“Arep nyang endi Muk, kok mbrengkut leh mu
ngusungi uwoh-uwohan?” pitakone Manuk.
“Eh, kowe. Aku arep golek wit-witan sing
uwohe akeh. Ayo melu aku merga aku nggawa panganan akeh kok. Engko nek nemu
woh-wohan sing kuwih akeh didum loro ya.”
“Ya, ya aku gelem….”
“E, ning ana sarate..” punggele Mukre
sadurunge si Manuk munggah prau.
“Sarate, merga sing melahi prau iku rekasa
lan abot gaweyane, mula mangane oleh akeh. Dene sing ora ngetokne tenaga ra
oleh mangan.”
Manuk sing rumangsa ora sanggup melahi
pilih dadi tukang ngawasi lakune prau bae mula ora oleh melu ngicipi bontotane.
Suwe-suwe Manuk ngerti yen diakali, witekna masiya mung mentheleng ning ya
nguras tenaga tenan.
“Klakuwan elek kok diingu. Titenana kowe
Muk!” pangincime Manuk karo nuthuli prau nganti bocor. Mukre sing ewuh mangan
ora migatekake yen praune bocor. Weruh-weruh wis kebak banyu lan wusanane
klelep. Si Manuk nylametake awake kanthi mabur, dene Mukre nglangi alon-alon
nganti tekan alas sing akeh sawernaning uwit lan uwoh. Ana woh gedhang, sawo,
blimbing, lan dhuwet sing paling mbriyut uwohe.
Saking luwene merga nglangi, Mukre mangan
woh-wohan sing ditemu kuwi saakeh-akehe sambi ngetungi cacahe supaya ngerti yen
sawanci-wanci cacahe suda.
Kaya sadurunge Mukre uga ndhaku
wit-wit mau lan nggusahi kewan sing nyedhak.
“Aku mbok njaluk Dhuwete sithik ta, Muk,
luwe iki lho…” manuk Thilang ngrimuk memelas.
“Telung iji bae aja akeh-akeh..!” sengol
wangsulane Mukre marang Thilang.
“Mukre, dulurku, mbok aku diwenehi Dhuwete
thithik? Bojoku lagi nyidham ki lho.”
“Halah! Nyidham apa? Telu bae. Entek tenan
ora keduman aku mengko.” Mukre nggrundhel maneh.
Tumindake Mukre kuwi suwe-suwe gawe
mangkele kabeh kewan ing alas kono. Lan tanpa sangertine Mukre, kewan saalas
padha rundhingan, ngrancang cara kanggo males Mukre.
Asiling rembug diputusake nyraya manuk
Penthet sing suwarane cukup apik supaya ngrimuk Mukre ben gelem ngedum woh
Dhuwet mau kanggo kewan liya.
“Kowe ya arep njaluk …” getake Mukre
sadurunge Penthet iku ngomong.
“Ora Muk, aku mung pengin kekancan karo
kowe. Ben yen aku eruh woh enak neng papan liya aku isa ngandhani kowe.”
Jawabe Penthet.
“O, ngono. Ya, ya dak tampa kekarepanmu.”
“Ya wis, saiki minangka tandha panuwunku
merga kowe gelem nampa aku dadi kancamu, iki dak nyanyekne tembang kanggo
kowe.” Ujara Penthet.
“Trilili..lili, tralala..lala,
dududu..dudu..la..la..laaaaa.” manuk Penthet banjur nyanyi saapik-apike gawe
Mukre sing klekaran merga kewaregen woh Dhuwet liyer-liyer ngantuk
sliyat-sliyut. Saking ngantuke nganti ora krasa lehe gujengan kendho njur….
“Aaaaaagkhr….!”
Bruuuugh…
Mukre ceblok saka wit dhuwet sing dhuwur
banget. Sikile pepes, tangane ceklek ora bisa apa-apa kejaba sambat.
“Adhuuh! Eh, eh, aja dijupuki iki dhuwetku!
Iki dhuwetku aja dipeki, ajaa!” jerite Mukre dipolne nalika weruh kewan-kewan
padha ngepeki dhuwet’e tanpa nggape Mukre. Bareng wis entek kabeh njur padha
lunga, mung manuk Penthet sing keri njur marani Mukre lan takon. “Piye. Kapok
ra? Nek ora tak celukne gajah ben diidak sisan.” ujare Penthet.
“Aja,aja! Iya sepurane aku saiki getun
tenan, aja diundangne gajah ya.” Wangsulane Mukre njaluk ngapura lan janji ora
bakal mbaleni tumindake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar