Jumat, 06 Oktober 2017

Gara-gara Uceng


Gara-gara Uceng
  ­
Wis biyasane yen Imam, Trisno, lan Kasmiwan menawa sawise bali sekolah  njur turut kali lan kalen golek iwak.    Adate  kanthi cara mancing, gogoh, utawa sok newu barang. Ora   ngobati utawa nyetrum, saliyane wedi diuman-uman pak RT uga wedi resikone. Yen nganti mendem obat  utawa kesetrum, apa ora dadi mala jajale?
 Awan  iki mulih sekolah sawise  bar padha maem awan lan sholat bocah   telu mau langsung   menyang papan kaya semayanane dhek mau. Kalen mburi omahe Cak Ripin. Jare neng kono Uceng lan Wadere Pari akeh sing gedhe.
“Ucenge gedhe, dudu uceng grendhet,” kandhane Kasmiwan ngyakinake. Sing dikandhani manthuk-manthuk karo terus ngunclug   menyang kalen   tujuwane.
Tekan ngenggon iline banyu kalen ndelalah rada gedhe. Bocah-bocah dadi bingung. “Piye, ya, jane iwake ya gedhe tenan. Lha kae, kae... deloken kae, kae uceng gedhe kae!” ujare Imam karo nudingi iwak uceng gedhi-gedhi sing pating sliri. Bocah telu wiwit mbebeki.
“Wah, piye iki? Dipancing kesuwen, digogohi banyune kegedhen, nek ditewu apa ora ngesel-ngeseli?” Trisno mreceg wae sajak ora sranta.
“Nnnng...” Kasmiwan mikir serius. Sirahe ndhangak, dudinge tengen dilebokake irung sethithik, dene tangane kiwa setengah malangkerik. “Mmh...ngene.” nemu akal. “piye yen lawange dham ditutup sedhela, terus digogohi?” tutuge.
“Haa... Aku ya meh kandha ngono,” Imam lan Trisno cluluk meh bareng.
“Heleh! Gayamu. Meh-meh...”
“Issh... Kesuwen! Ayo gek ndang rikat. Kakeyan mikir,” Imam nyablek pundhake Kasmiwan.
Rerikatan bocah telu ngudhunake lawang dham cacah loro   sing mara mengetan.  Abot. Ya mesthi. Wong tarah blebekan   wesi. Jleg! Klonthang! Lawang dham nutup. Mesthi wae   kalene ya  njur asat.  Kalodhangan mau enggal-enggal digunakake kanthi temenan. Sedhela wae bocah-bocah mau wis padha umeg ngincupi iwak sing pating kecopag kasatan banyu.
“Eh! Eh! Enek Ndhuluke...  Enek iwake Ndhuluk! Wan, Wan... ewangi nyekel, Wan!” Imam bengok-bengok seneng. Ceg! Ora suwe si Ndhuluk kecekel langsung diwadhahi ember sing wis dicawisake sadurunge.
“Wooeee...iki malah Lelee...” genti Trisno sing mbengok. Kancane genti rerikatan ngrewangi Trisno nyekel Lele.
Saking akehe iwak sing bisa dijupuk, ora krasa anggone golek iwak wis sauntara suwe. Awak sing kebloh lan kesel wis ora direken. Anane mung seneng merga ngalamat bisa mangan enak lawuhan iwak sing  mentas dijupuk saka kalen. Bocah telu leren sedhela neng galengan sawah cedhak kono. Angkahe sedhela maneh bali. Nanging lagi wae siyap-siyap dumadakan keprungu swara bantas gemontang saka arah dham.
“Woo, lha layak ko sawahku amber  banyu, jebul dhame ditutup ngene! Kurang ajar! Wayah panen jare kok malah keleban ki pokale sapa jane!? Ora genah!” ujare swara mau diseling swara jeglek nuli klonthang. Swarane lawang dham dibukak.
“Pokale sapa iki ya? Nganti konangan daktaboki tenan mengko,” panggrundhele wong  lanang sing ora liya Mbah Tro Bacok.
Ngerti sing nesu Mbah Tro Bacok, Imam age-age nggeret kancane dijak ndhelik ing grumbulan.
“Sssst, cepet! Cepet! Selak konangan ajur iki mengko,” ujare karo nyoloti watese kalen mengkono wae tanpa ancang-ancang. Nuli ndhekem ing suwalike wis Andong lan Keji Beling sing ngrembuyung. Aman. Ora ana sing konangan. Lha pama konangan rak sida diuman-uman nganti elek kae. Durung nek njenggit utawa njewer byuuuh!
Sawise Mbah Tro Bacok ngliwati papan pandhelikane bocah telu langsung mlayu mulih. Dadak tekan ngomah keprungu rame-rame, jarene Mbah Tro Bacok semaput neng kalen, dadi gotongan nyang puskesmas. Lara ndadak merga kaget, sawahe sing sesuk arep dipanen dadak keleban banyu, haratah!


Salah Tampa


Salah Tampa


Sawetara dina iki –kira-kira telung dinanan, ana sing aneh karo Tari. Bocahe dadi luwih meneng. Adate Tari kuwi crigis, akeh polahe lan seneng guyon karo kanca-kancane. Nanging keri-keri iki ora pati srawung karo balane. Aja kok guyon, ngajak omongan wae ora. Malah iki nganggo tutup irung barang. Yen ora kleru arane masker.
“Tari ki kok ndingareni nyapa, ta?” Anis penasaran.
“Lara untu yak’e?” Rahmat nyauri.
“Nek mung lara untu wae ya rasah nganti ngono kuwi?” wangsulane Anis.
“Halah! Kuwi ki sombong. Dupeh saiki cekelane HP anyar!” Erna nyaut semengit.
“Ah, kowe ki! Senengane kok su’udzon. Kowe apa tau weruh Tari nggawa HP anyare kuwi neng sekolahan?” Anis protes.
“Ya ra digawa lah!”
“Lha mulakna. Wong ora cekel HP neng sekolah kok isa ngarani sombong Hpne anyar. Kuwi jenenge menyebar fitnah!” Anis ngomel setengahe nuturi Erna.
Sikepe Tari sing ana owah-owahan kasebut wusana dadi rembug rame ing sekolahane. Ana sebageyan kanca ngarani yen saiki Tari sombong, emoh srawung karo kanca biyasa merga Taro mono anake wong sugih, liyane ngarani yen Tari samar ketularan larane kancane, ana meneh sing muni merga Tari lagi lara. 
Ning  lara apa? Mosok iya lara? Yen lara kok kancane ora ana sing ngerti dheweke lagi lara? Yen lara kok isih mlebu sekolah? Akeh pitakonan kang durung nemu wangsulan. Yen lara mesthine bener, amarga sok-sok keprungu swara watuke Tari sing abot nalika pelajaran ing kelas.
Tari dhewe nalika dijak ngobrol  kancane jawabe mung gedheg manthuk ora ana liyane. Pokoke ora muni suwarane. Bab iki marakake Erna tansaya tersinggung karo sikepe Tari. Nalika wayah ngaso kanthi gregeten dheweke ngelokna Tari.
“Tar! Nek kowe ora seneng kekancan meneh ngomonga, ben ora usah padha repot-repot ngawori kowe! Tambah suwe rumangsaku kok tambah kemayu! Sok! Nek wis wegah kekancan ya rasah sekolah wae! Kana menyang alas awor munyuk apa celeng kana!” suwarane Erna cemether banter, nganti karo salah sijine   kancane njur digeret ngadoh saka sandhinge Tari, merga kuwatir Erna bakal milara Tari kanthi tinjune. Ewadene Tari ora nanggapi. Mung meneng, ngendhani sing lagi nesu.
Rame-rame bab iki kepireng Bu Darmi guru kelas lima. Mesthi wae ana sing madulake. Pancen bener.  Bagas ketua kelase sing lapur marang Bu Darmi.
“Ana apa   iki kok rame eram? Bu Darmi mireng jare aa sing ngamuk? Sapa? Erna. Mreneya!”
Erna sing ditimbali klithih-klithih nyedhaki Bu Darmi.
“Jare Bagas kowe nesu-nesu neng Tari. Geneya?”
Erna ora wangsulan mung ndhingkluk dolanan driji.
“Heh, didangu kok.. Ayo matur. Enek apa?” Bu Darmi mbaleni dhawuhe.
“Anu, Bu. Niku lhe, Tari. Saniki niku rak mboten purun awor rencange. Irunge ditutupi mawon. Mboten purun omongan, napa melih dolanan. Sombong saniki, mergi gadhah HP enggal,” dawa ature Erna marang Bu Darmi.
“Huuuuu...” keprungu kancane nyenggaki omongane Erna.
“Apa ya ngono cah?” Bu Darmi ndangu bocah liyane ing kono. Sing didangu padha gedheg.
“Tari.” Bu Darmi genti nimbali Tari.
“Mreneya, Ndhuk.”
Tari mara banjur lungguh ing kursi ngarepe Bu Darmi.
“Ora ta, kene matura ibu. Sakjane kowe ki kena ngapa kok aneh kaya ngene. Menengan, ora gelem dolanan, guyon kaya biyen, lan nganggo masker. Kae lho kancamu padha bingung, geneya kowe kok kaya ngene,” ngendikane Bu Darmi alon amrih Tari ora tersinggung.
Ewamono Tari tetep ora wangsulan.   Dheweke malah  banjur ngalih, marani bangkune, mbukak tas njupuk kertas lan pulpen. Sateruse ureg-ureg nulis. “Kula nembe sakit radang tenggorokan, Bu. Kalih dokter didhawuhi ngirangi kegiatan. Suwanten kula mboten patos medal. Menawi diengge ngomong radi banter sakit. Kula ngangge masker kersane mboten nularaken sakit kula dhateng kanca-kanca...”  ujare tari ing tulisane. Kertas diaturake Bu Darmi, njur diwaos. Bu Darmi manthuk-manthuk.
“Ooo, iki lho, cah, kene Gas, tulisane Tari iki wacanen sing banter ben kabeh padha krungu,” dhawuhe Bu Darmi marang Bagas. Sateruse Bagas maca tulisan mau kanthi banter.
“Wis saiki cetha ta? Er, ayo njaluk sepura marang Tari. Kowe wis salah tampa. Yen ana apa-apa ki digenahke dhisik. Ora angger wae. Tari lara mbokarani sombong duwe HP anyar,” tuture Bu Darmi marang Erna.
Erna mung manut lan   marani Tari.
“Sepurane ya Tar, aku wis nutuh kowe. Awake dhewe rak isih kekancan ta?”
Tari manthuk lan luwih dhisik ngrangkul Erna. Kanca-kancane padha keplok-keplok.

Selasa, 12 September 2017

Iki Dhuwetku!


Iki Dhuwetku!

Biyen ing satengahe alas ana munyuk aran Mukre sing senengane ndhaku-ndhaku kabeh wit-witan sing uwohe ketel ing alas kono. Kamangka sakjane Mukre ora kekurangan pangan nanging tansah nganggep woh-wohan sing diimbu lan diduweni ora nate cukup.
“Aja dipeki, woh jambu iki duwekku, biyen karo wong tuwaku wis diwenehne aku,” ngono pambengoke nalika weruh ana Lawa mencok wit jambu banyu sing lagi ditemu dhek wingi esuk.
“Aja dipenek! wit kambil iki warisane simbahku!” getake nalika weruh ana bajing menek wit kambil cedhak omahe.
“Iki wit pelemku! Sing nandur ibuku kok mbok penek ki piye?” omele meneh.
Nanging dhasar srakah kabeh wit sing didhaku durung gawe mareme Mukre, “Aku kudu golek tambahan. Woh-wohan iki ora cukup kanggo manganku rong dina meneh,” ujare Mukre banjur lunga. Tujuwane ngincer lan nduweni wit-wit liyane sing uwohe akeh lan durung dikuwasani ning sabrange kali kana.
Kanggo nyabrang Mukre banjur gawe prau saka kayu sing empuk supaya gampang diwangun lan entheng leh melahi. Bareng praune wis dadi lan lagi ewuh ngunggah-ngunggahne woh-wohan simpenane nyang prau dumadakan si Manuk kancane teka.
“Arep nyang endi Muk, kok mbrengkut leh mu ngusungi uwoh-uwohan?” pitakone Manuk.
“Eh, kowe. Aku arep golek wit-witan sing uwohe akeh. Ayo melu aku merga aku nggawa panganan akeh kok. Engko nek nemu woh-wohan sing kuwih akeh didum loro ya.”
“Ya, ya aku gelem….”
“E, ning ana sarate..” punggele Mukre sadurunge si Manuk munggah prau.
“Sarate, merga sing melahi prau iku rekasa lan abot gaweyane, mula mangane oleh akeh. Dene sing ora ngetokne tenaga ra oleh mangan.”
Manuk sing rumangsa ora sanggup melahi pilih dadi tukang ngawasi lakune prau bae mula ora oleh melu ngicipi bontotane. Suwe-suwe Manuk ngerti yen diakali, witekna masiya mung mentheleng ning ya nguras tenaga tenan.
“Klakuwan elek kok diingu. Titenana kowe Muk!” pangincime Manuk karo nuthuli prau nganti bocor. Mukre sing ewuh mangan ora migatekake yen praune bocor. Weruh-weruh wis kebak banyu lan wusanane klelep. Si Manuk nylametake awake kanthi mabur, dene Mukre nglangi alon-alon nganti tekan alas sing akeh sawernaning uwit lan uwoh. Ana woh gedhang, sawo, blimbing, lan dhuwet sing paling mbriyut uwohe.
Saking luwene merga nglangi, Mukre mangan woh-wohan sing ditemu kuwi saakeh-akehe sambi ngetungi cacahe supaya ngerti yen sawanci-wanci cacahe suda.
 Kaya sadurunge Mukre uga ndhaku wit-wit mau lan nggusahi kewan sing nyedhak.
“Aku mbok njaluk Dhuwete sithik ta, Muk, luwe iki lho…” manuk Thilang ngrimuk memelas.
“Telung iji bae aja akeh-akeh..!” sengol wangsulane Mukre marang Thilang.
“Mukre, dulurku, mbok aku diwenehi Dhuwete thithik? Bojoku lagi nyidham ki lho.”
“Halah! Nyidham apa? Telu bae. Entek tenan ora keduman aku mengko.” Mukre nggrundhel maneh.
Tumindake Mukre kuwi suwe-suwe gawe mangkele kabeh kewan ing alas kono. Lan tanpa sangertine Mukre, kewan saalas padha rundhingan, ngrancang cara kanggo males Mukre.
Asiling rembug diputusake nyraya manuk Penthet sing suwarane cukup apik supaya ngrimuk Mukre ben gelem ngedum woh Dhuwet mau kanggo kewan liya.
“Kowe ya arep njaluk …” getake Mukre sadurunge Penthet iku ngomong.
“Ora Muk, aku mung pengin kekancan karo kowe. Ben yen aku eruh  woh enak neng papan liya aku isa ngandhani kowe.” Jawabe Penthet.
“O, ngono. Ya, ya dak tampa kekarepanmu.”
“Ya wis, saiki minangka tandha panuwunku merga kowe gelem nampa aku dadi kancamu, iki dak nyanyekne tembang kanggo kowe.” Ujara Penthet.
“Trilili..lili, tralala..lala, dududu..dudu..la..la..laaaaa.” manuk Penthet banjur nyanyi saapik-apike gawe Mukre sing klekaran merga kewaregen woh Dhuwet liyer-liyer ngantuk sliyat-sliyut. Saking ngantuke nganti ora krasa lehe gujengan kendho njur….
“Aaaaaagkhr….!”
Bruuuugh…
Mukre ceblok saka wit dhuwet sing dhuwur banget. Sikile pepes, tangane ceklek ora bisa apa-apa kejaba sambat.
“Adhuuh! Eh, eh, aja dijupuki iki dhuwetku! Iki dhuwetku aja dipeki, ajaa!” jerite Mukre dipolne nalika weruh kewan-kewan padha ngepeki dhuwet’e tanpa nggape Mukre. Bareng wis entek kabeh njur padha lunga, mung manuk Penthet sing keri njur marani Mukre lan takon. “Piye. Kapok ra? Nek ora tak celukne gajah ben diidak sisan.” ujare Penthet.
“Aja,aja! Iya sepurane aku saiki getun tenan, aja diundangne gajah ya.” Wangsulane Mukre njaluk ngapura lan janji ora bakal mbaleni tumindake.








Ndhas Wedhus Lima


Ndhas Wedhus Lima          ­



Bada Idul Adha ing Dhusun Banguntapan desane Parto Jambul banget ramene. Beda karo taun-taun sadurunge, Bada taun iki akeh banget sing padha melu kurban. Yen sapine mung siji, nanging wedhuse ana likuran.
“Byuuh! Isa mendem daging tenan taun iki,” ujare Lik Muladi karo nguladi wedhus pating glidrah ing plataran mesjide Mbah Kiai Kudri.
“Hush! Kudune malah syukur kok nyedakne mendem,” Pak Amat nyaruwe.
“Anu, enggih, Pak, maksude niku kurbane kathah,’ Lik Muladi glagepan mangsuli.
Luwih seneng maneh Parto Jambul. Dheweke wis mbayangke bakal entuk dum-duman daging akeh banget. Bisa dimasak rena-rena lan kanggo pirang-pirang dina.
“Hmm, bisa lawuhan sate gule seminggu lawase, soto daging, thengkleng, tongseng hadhuuuh...lemuuu tenan!” ujare Parto karo mesam-mesem dhewekan.
Sarampunge Shalat Ied, kewan-kewan kurban mbaka siji dibeleh, sateruse dibetheti rame-rame lan bakale diedumake marang kang duwe hak, yaiku fakir miskin lan wong kang ora mampu. Parto Jambul ya melu rerewang, nanging katon yen mung kanggo patut-patut wae. Lha wong tarah Parto ki kondang lumuhe. Ewasemana Parto Jambul wis ngirik-iriki ndhas-ndhas wedhus sing isih diseleh ing kono. “Dingaren ora pati akeh sing ngarepake. Adate padha rebutan,” pambatine Parto. “Pama dakjaluk telu ae apa ya oleh ya?” pikire meneh, banjur takon marang sawijining pawongan sing isih mbetheti daging.
“Pak, ndhase iki sajake kok ora enek sing gelem ta? Pama dakjaluk telu wae apa oleh?”
“Lho, sampeyan pengin ta? Lha kok telu men. Kakeyan apa ora kuwi mengko?”
“Ora.”
“Ya kono gawanen ora papa,” jawabe sing ditakoni.
Diolehi Pato nuli golek kresek kanggo nggawa endhas wedhus mau bali. Parto milih endhas wedhus sing gedhe-gedhe. Nanging senajan wis diidini nggawa telu oranyata Parto isih kemecer alias kurang. Kanthi dhelikan dheweke nyaut loro maneh dadi nggawa lima. Sateruse ndhas wedhus lima digawa mulih diwenehake bojone.
“Olahen kono mak, sasenengmu. Apa wae kena,” ujare Parto karo ngulungke ndhas wedhus marang bojone. Sing diulungi plonga-plongo. Witekna wong ndhas wedhus kok lima dikon masak kabeh ki piye? Wadhahe wae ora cukup. Ndhas siji tur gedhe bisa nganti panci loro. Lha yen limang ndhas? Apa ora panci sepuluh? Tur ya isih entuk dum-duman daging pirang-pirang. Lha mangka   pancine Yu Parti   mung ana loro. Nanging Yu Parti   duwe akal.  Sing  dimangsak mung ndhas wedhus separo wae karo sebageyan daging. Liyane? Dipepe neng ndhuwur gendheng. Angkahe ben awet, liya dina bisa dimasak meneh.
  Dina  kuwi Parto Jambul  lan Parti Genuk mangan enak. Saliyane nggule endhas wedhus karo sing lanang dheweke digawekake sate. Hmmm...nyamleng. lawuh kuwi wae ora entek sedina. Malah saking enake mangan gule Parti Genuk lali yen mepe endhas wedhus cacah papat. Semono uga Parto Jambul. Ora kelingan nek menehke ndhas wedhus lima marang bojone. Pangirane kabeh endhas wis dimasak. Apa maneh weruh panci loro sing mangkrong neng ndhuwur pawon kebak kabeh.
Ngancik dina kepapat wong loro sambat   mambu gandane  bathang. Bacin ora uwis-uwis.
“Tikus mati yake, Pak.”
“Ora mungkin. Ambune bathang tikus ora ngene iki,” jawabe sing lanang.
Digoleki sedina muput ora temu. Konangane dina sesuke. Kuwi wae sawise tanggane bengok-bengok merga uga ora betah  mambu bathang.
“Jabang bayiiik, Maak. Iki genah ndhas wedhus sign tak gawa kae ngono lho! Lha jebul ora kok olah kabeh ta?!” ujare Parto karo nesu.
“Woo! Hooh! Kuwi ki tak pepe sirku ben awet. Mengko kari ngolah sithik-sithik ngono lho,” wangsulane sing wedok mlenggong.
“Lha wog barang semene kandele lha kok dipepe. Ya bosok sing mesthi. Kae galo! Bosok. Ora kepangan ta! Ngguwak ta!” Parto Jambul nesu pol.
Sing wedok mung lingak-linguk, karo blokekan bareng weruh ndhas wedhus dirubung set nggegilani ing ndhuwur gendheng. Bosok kabeh hhrggghh....


                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                    

                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                               





                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                            
                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                               





                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                            






Gara-gara Uceng

Gara-gara Uceng   ­ Wis biyasane yen Imam, Trisno, lan Kasmiwan menawa sawise bali sekolah   njur turut kali lan kalen golek iwak. ...