Ndhas Wedhus Lima
Bada
Idul Adha ing Dhusun Banguntapan desane Parto Jambul banget ramene. Beda karo
taun-taun sadurunge, Bada taun iki akeh banget sing padha melu kurban. Yen
sapine mung siji, nanging wedhuse ana likuran.
“Byuuh!
Isa mendem daging tenan taun iki,” ujare Lik Muladi karo nguladi wedhus pating
glidrah ing plataran mesjide Mbah Kiai Kudri.
“Hush!
Kudune malah syukur kok nyedakne mendem,” Pak Amat nyaruwe.
“Anu,
enggih, Pak, maksude niku kurbane kathah,’ Lik Muladi glagepan mangsuli.
Luwih
seneng maneh Parto Jambul. Dheweke wis mbayangke bakal entuk dum-duman daging
akeh banget. Bisa dimasak rena-rena lan kanggo pirang-pirang dina.
“Hmm,
bisa lawuhan sate gule seminggu lawase, soto daging, thengkleng, tongseng hadhuuuh...lemuuu
tenan!” ujare Parto karo mesam-mesem dhewekan.
Sarampunge
Shalat Ied, kewan-kewan kurban mbaka siji dibeleh, sateruse dibetheti rame-rame
lan bakale diedumake marang kang duwe hak, yaiku fakir miskin lan wong kang ora
mampu. Parto Jambul ya melu rerewang, nanging katon yen mung kanggo patut-patut
wae. Lha wong tarah Parto ki kondang lumuhe. Ewasemana Parto Jambul wis
ngirik-iriki ndhas-ndhas wedhus sing isih diseleh ing kono. “Dingaren ora pati
akeh sing ngarepake. Adate padha rebutan,” pambatine Parto. “Pama dakjaluk telu ae
apa ya oleh ya?” pikire meneh, banjur takon marang sawijining pawongan sing
isih mbetheti daging.
“Pak,
ndhase iki sajake kok ora enek sing gelem ta? Pama dakjaluk telu wae apa oleh?”
“Lho,
sampeyan pengin ta? Lha kok telu men. Kakeyan apa ora kuwi mengko?”
“Ora.”
“Ya
kono gawanen ora papa,” jawabe sing ditakoni.
Diolehi
Pato nuli golek kresek kanggo nggawa endhas wedhus mau bali. Parto milih endhas
wedhus sing gedhe-gedhe. Nanging senajan wis diidini nggawa telu oranyata Parto
isih kemecer alias kurang. Kanthi dhelikan dheweke nyaut loro maneh dadi nggawa
lima. Sateruse ndhas wedhus lima digawa mulih diwenehake bojone.
“Olahen
kono mak, sasenengmu. Apa wae kena,” ujare Parto karo ngulungke ndhas wedhus
marang bojone. Sing diulungi plonga-plongo. Witekna wong ndhas wedhus kok lima
dikon masak kabeh ki piye? Wadhahe wae ora cukup. Ndhas siji tur gedhe bisa
nganti panci loro. Lha yen limang ndhas? Apa ora panci sepuluh? Tur ya isih
entuk dum-duman daging pirang-pirang. Lha mangka pancine Yu Parti
mung ana loro. Nanging Yu Parti duwe akal. Sing
dimangsak mung ndhas wedhus separo wae karo sebageyan daging. Liyane? Dipepe
neng ndhuwur gendheng. Angkahe ben awet, liya dina bisa dimasak meneh.
Dina
kuwi Parto Jambul lan Parti Genuk mangan enak. Saliyane nggule
endhas wedhus karo sing lanang dheweke digawekake sate. Hmmm...nyamleng. lawuh
kuwi wae ora entek sedina. Malah saking enake mangan gule Parti Genuk lali yen
mepe endhas wedhus cacah papat. Semono uga Parto Jambul. Ora kelingan nek
menehke ndhas wedhus lima marang bojone. Pangirane kabeh endhas wis dimasak.
Apa maneh weruh panci loro sing mangkrong neng ndhuwur pawon kebak kabeh.
Ngancik
dina kepapat wong loro sambat mambu gandane bathang. Bacin
ora uwis-uwis.
“Tikus
mati yake, Pak.”
“Ora
mungkin. Ambune bathang tikus ora ngene iki,” jawabe sing lanang.
Digoleki
sedina muput ora temu. Konangane dina sesuke. Kuwi wae sawise tanggane
bengok-bengok merga uga ora betah mambu bathang.
“Jabang
bayiiik, Maak. Iki genah ndhas wedhus sign tak gawa kae ngono lho! Lha jebul
ora kok olah kabeh ta?!” ujare Parto karo nesu.
“Woo!
Hooh! Kuwi ki tak pepe sirku ben awet. Mengko kari ngolah sithik-sithik ngono
lho,” wangsulane sing wedok mlenggong.
“Lha
wog barang semene kandele lha kok dipepe. Ya bosok sing mesthi. Kae galo!
Bosok. Ora kepangan ta! Ngguwak ta!” Parto Jambul nesu pol.
Sing
wedok mung lingak-linguk, karo blokekan bareng weruh ndhas wedhus dirubung set
nggegilani ing ndhuwur gendheng. Bosok kabeh hhrggghh....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar