Wacan Bocah 322
Azam Macak Semar
Pitulasan iki sekolahane Azam melu karnaval kang diadani
dening kecamatan. Ngendikane Pak Utomo kepala sekolahe karnavale temane ‘Seni
Budaya Indonesia’. Mula para murid didhawuhi dandan sing nggambarake seni
budaya ing Indonesia. Ana sing dandan kanthi pakeyan daerah, dandan wayang
uwong lan sapiturute.
“Kalih Bu Nanik kula diutus macak Punakawan, Bu,” Azam
matur marang ibune nalika mulih sekolah mau.
“Ya, ora papa. Mengko matur bapak ben disewakne klambi
neng salone tante Tyas.”
“Tapi, kula wegah macak Bagong Bu, napa malih Semar. Mpun
gembrot kathik elek sisan. Kula pengine tokoh Pandhawa.”
“Lho, ya matur Bu Nanik ta. Mosok neng ibu.”
“Kula mboten wantun. Tiyang sing macak Pendhawa mpun dicathet
sedaya,” jawabe Azam karo mrengut.
“Lha terus arep piye? Ora ndherek karnaval? Tur maneh nek
macak Bagong apa Semar ya wis trep ta. Kowe lemu. Lha arep macak Petruk apa
Gareng ya ora pas. Apa maneh Pendhawa. Apa ana Pendhawa kok gembul kaya kowe? Wis
ta. Aja kuwatir. Sing penting semangat ngrayakne Agustusan. Ibu malah remen yen
kowe gelem macak Bagong apa Semar. Wong-wong ya akeh sing seneng ndeleng merga
luwih lucu lan menarik,” Ibu njlentrehake kersane mesisan nglelipur Azam.
Sesuke ing sekolahan bocah-bocah padha rame ngrembug bab
pacakan sing ditugasake marang murid. Rata-rata kabeh gumbira marang pacakan
sing ditugasake Bu Nanik. Mung Azam sing rada gela. Rasa iku kegawa maneh
nganti tekan ngomah.
“Wis ta, yen kowe gelem macak Semar, ana hadiah khusus
saka Bapak,” ngendikane Bapak marang Azam sing isih nyaprut wae.
Dina kang ditemtokake wis teka. Wiwit jam nem esuk Azam
wis neng salone tante Tyas. Ing kana dipacaki kaya Semar. Ditambahi bokong busa
ben saya njenthit. Huhh! Azam mangkel setengah mati. Durung meneh krungu guyune
kanca-kancane sing sajak ngenyek.
“Hahaha... Lambene amba njuwewek, elek!” Hendra sing
dipacaki Wrekudara ngguyu kemekelen.
“Lha wong bokonge wis gedhi kok diimbuhi meneh. Kae
deloken ta, kaya nganggo pampers hihihi...” Sasha ngimbuhi omong, nambahi
jengkele Azam.
Senajan atine mrongkol, Azam mung bisa meneng. Mripate
mbrebes, sajake ngampet nesu lan kepengin nangis. Nanging diempet. “Ora usah
mindher. Delengen mengko rak kowe sing oleh kawigaten paling akeh saka
penonton,” Azam kelingan welinge Ibu sadurunge budhal mau.
Watara rong jam didandani wusanane kabeh wis rampung.
Bocah-bocah banjur mangkat nyang sekolahan. Tekan kana kabeh ya wis siyap. Ora
lidok tekane Azam lan kanca telu liyane sing macak Punakawan dibombong dening
para guru lan kancane.
“Waah, Punakawane sajak urip tenan ya. Dandanane rapi tur
jian apik. Kabeh kok ya persis kaya Punakawan ing wayang wong temenan,”
ngendikane Pak Utomo Kepala Sekolahe.
Sateruse dening
kendharaan kang disiyapake sekolah bocah-bocah diangkut menyang lapangan
kecamatan. Ing kana kabeh dibarisake lan wiwit mlaku ngliwati rute sing wis
ditemtokake sawise Pak Camat ngibarake gendera start.
Azam ora ngira bakal dipapanake ing barisan ngarep dhewe,
lagi tokoh liyane. Eloke, sadalan-dalan sing diliwati Azam akeh uwong nyuraki
dheweke. Ora kok ngece nanging nuduhake rasa senenge. Malah bola-bali ana wae
uwong sing motret dheweke nganggo HP utawa kamera digital. Ora wurung kuwi
marakake eseme Azam mekar. Malah kanthi percaya dhiri banjur dhadhah-dhadhah
marang penonton, lan kiss bye barang.
Lhadalah! Lha bareng tekan finish isih akeh sing pengin ngejak foto bareng. Whuuuh! Atine Azam saya mbedhodhok
bungah.
Kabungahane Azam ora mung semono. Tekan ngomah gumbirane
tambah-tambah. Merga ana kejutan saka Bapak.
“Niki sepedha kangge kula, Pak? Saestu? Aaaa...
Matursuwun Bapaaak...” ujare Azam karo ngrangkul lan arep ngesun Bapak sarta
Ibuke.
“Eeeh... Emoh-emoooh! Wedhakmu nemplek pipine Bapak iki lhoo...” ngendikane
Bapak karo mlayu mlebu omah merga diburu Semar eh! Azam dhing! Hehehe...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar